SastraJendra
Ampun dados derdhahing manah, menawi sedaya ingkang sampun kagelar
sanes pikajengan badhan salira pribadi. Kasabab gelar-gulungipun
kawruh HURIP lan kasunyatan hurip sampun dados gelar ingkang nyata.
Punapi ingkang sampun kaandareken ing tembe uni, sejatosipun
dawah saking telenging raosing arrasy kinobaran saking getering
cahya HURIP ingkang mahanani dayaning cipta driya nuwuhaken adhining
Sastrajendra kanthi kawicaksananipun adhi Hayuningrat.
Nalika manuso nembe mijil (kalahiraken) saking garbane kanjeng ibu.
Sampun dados wewacan Sastrajendra. Jebeng jabang bayi dereng saged
wawan pangandikan. Dereng saged nyebat Hyang Suksma,
Hyang Kuwasa, punapa dene nyebat Allah. Sedaya sesebatan tuwuh
sesampunipun manuso saged wawan sabdo. Hananging ing kasunyatane
(kasat padulu) menawi jebeng jabang bayi menika rineksa ing kuwasaning
HURIP. Ing Paningkes HURIP kuwi wis ONO sakdurungi ono ALLAH.
HURIP Kuwi ONO ning samubarang katon.
Kitab Agung kasunyatane kaanggit dening hastaning "manuso pinilih
linambaran sucining rasa kang purwane saking telenging cahya rasa
arrasy kang jumbuh manunggal kalawan HURIP. Ing wekasane kitab agung
dadhi suluh kangge handayani lakuning manuso bali ing alam hurip kang
langgeng.
Wassalam
Bambang Sarkoro